Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Dhumateng ngarsanipun poro pepunden
sesepuh, pini sepuh, aji sepuh ingkang dhahat kinormatan, soho poro Bp/Ibu lan
poro rawuh sedayanipun ingkang kawulo hormati lan soho poro muda mudi ingkang
kawulo banggaken.
Sepindah monggo kito haturaken puji
syukur wonten ngarso Gusti Allah ingkang sampun maringi pinten-pinten
kanugrahan dumateng kito sedoyo, sahinggo kito saget makempal wonten ing papan
meniko kanti wilujeng.
Kulo ngaturaken agunging panuwun
dhumateng poro Bp/Ibu ingkang sampun nglonggaraken wekdal hangrawuhi pakempalan
dhalu puniko hanetepi undangan saking pengurus RT.
Kanthi nelangsaning manah kulo
tansah nyuwun sih samudro ing pangaksami, hambok bilih anggen kawulo nampi
karawuhan panjenengan sami hanggadahi kalepatan ingkang manggen wonten ing
sedayanipun kulo sekeluargo tansah nyuwun pangapunten.
Soho mugi sekecakno anggen
panjenengan lelenggahan ngantos paripurnane pakempalan ing dalu meniko.
Sepindah malih hambok bilih anggen
kawulo nampi karawuhan soho atur kulo ingkang kirang mranani ing penggalih
panjenengan sedoyo kulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhirulkalam Wassalamu’alaikum Wr.
Wb.